Rabu, 21 Juli 2010

Lakon Carangan

PRAHASTHA GUGUR

(kaaturake maneh dening : Ibnu Marwah)

(I)

“Raharja sapraptanira, Dhimas?” grapyak sumanak sabdane Sang Hyang Kuwera marang Prabu Dasamuka kang lagi wae miyak kang padha seba tumuli lenggah ing ngarsane Sang Danapati kang samengko wus asalira Bathara.Sanadyan yegtine jroning nala Sang Bathara rumangsa isih gela lan duka marang Sang Rahwana kang dhuking nguni tau tate ngrabasa Negara Lokapala lan meksa Sang Danapati kudu lengser saka keprabon.

“Awit saka pangestumu kakang, raharja sowanku ing ngarepe Kakang Danaraja, pangabektiku katur Kakang” wangsulane Prabu Dasamuka.

“Ya,ya Yayi, Si Adhi ngaturake pangabekti wus Ulun tampa, ora liwat pangestune pun kakang kebat tampanana yayi”.

“Ya, Kakang pangestune Dewa tak tampa kanthi senenging ati muga nambahana kawibawanku minangka narendra kang binathara”.

“Yayi Rahwana iya” kanthi ngati-ati Sang Hyang Kuwera manabda ndangu lekase Nalendra Ngalengka iku “Si Adhi prapta ing papan kene kanthi sumengka pangawak braja, iki apa mung saperlu mratinjo karaharjane pun kakang, apa kagungan kersa liya, yen ora kabotan mbok pun Kakang dijarwani ta dhi”.

Prabu Dasamuka ngguyu ngakak krungu pandangune Hyang Kuwera mangkono iku, lagi sawuse noleh ngiwa nengen sauntara banjur matur kanthi suwara kang katon yen diraket-raketake :

“Yen diarani kangen ya kangen, yen diarani keblasuk ya keblasuk tekaku ing ngarepe si Kakang iki. Genahe ngene Kakang, bares kures wae sabubare geger Lokapala jaman samana, jroning atiku ana rasa keduwung sing tanpa upama dene aku wis wani ngrabasa Lokapala lan gawe wisuna, malah kepara aku wis wantala ngarah patine sedulurku dhewe ya kakang Danapati. Nanging, kabeh mau wus kebacut, mokal bisa dibaleni maneh, mula anane mung rasa getun keduwung, ananlangsa anutuh dhiri. Prasasat saben dina aku mung bisa lenger-lenger, ora doyan mangan ora bisa turu nggetuni tumindakku kang degsiya marang sedulur tuwa. Sajake panalangsane atiku dirungu dening Dewa, temah ing sawijining wektu aku nampa wisik sing surasane wisik ngandhakake lamun aku temen-temen getun marang tumindakku kang murang tata duking nguni, mangka aku bakal bisa sapatemon klawan Kakang Danaraja sedulurku tuwa, dene sranane aku kudu mlaku mangidul tanpa menggok lan tanpa leren sadurunge bisa ketemu kakang Danapati. Jroning ati semu ora percaya marang isining wangsit, awit aku wis meruhi dhewe nalika samana kakang Danapati gugur ing madyaning rana katiban piandel Ngalengkadiraja ya Pedhang Mentawa, malah kunarpane kakang Danaraja dhewe ajur tanpa kukuban, sengara saiki bisa tak temoni. Nanging, ketang gedhene dosa kang tak sandhang ketang gedhene rasa keduwung lan panalangsaku, wangsit mau tak lakoni nadyan kudu ngalahake timbanganing nalar, ciptaku wektu iku pedah apa aku ndedawa urip yen tansah kagubel rasa dosa kang tan ana mendhane. Nanging pranyata wangsiting Dewa iku bener lan nyata, wusing tak lakoni mbuh pirang candra suwene, ora nyana ora ngira, aku tiba ing ngarsamu, kanthi semu ora percaya jebul pun kakang isih sugeng malah kepara wus dadi Dewa kang banget merbawani”.

Mesem trenyuh temah ngondhok-ondhok Hyang Kuwera midhanget ature Prabu dasamuka kang mangkono iku, mula gya mudhun saka palenggahan ingkang rayi dirangkul-rangkul, dikekep lan diarasi kaya bocah cilik. Rerangkulan sarwi tetangisan sedulur kakang adhi iku, kaya-kaya sirna ilang sakehing rasa gela lan cuwa, anane mung rasa tresna kawimbuhan kangen.

Ana rasa syukur wor lan bungah jroning tyas Sang Hyang Kuwera, dene ingkang rayi kang sasuwene iki mung tansah nyebar memala lan nguja hawa brahala teka bisa owah malah kepara malik grembyang dadi titah kang duwe rasa kang banget aluse. Jroning tyas anggraita mijil pangalembana marang para sepuh kang wis padha jinempana ing angin, yeku ingkang Rama Sang Resi Wisrawa klawan Sang Prabu Sumali kang pranyata darbe turun kang gelem mertobat saka kaluputan lan dosa. Yen maune jagat padha alok lan maido lamun ora pantes yen Dasamuka ngono trahing Resi Wisrawa Sang Pamedhar Sastra Jendra Yuningrat, awit saka tindak lan tekune kang mung tansah nyebar pitenah. Mangka samengko jagat bakal cingak lamun uninga pranyata Sang Rahwana kuwawa nulad lekase ingkang Eyang Prabu Sumali kang ing pethiting yuswa klakon rinuwat sipating diyu.

Nglambrang angen-angene Sang Hyang Danapati, mendah endahing panguripan ing nagara Alengka kang rinaton dening Nalendra apaes Diyu kang sekti mandraguna lan darbe pangrasa kang lungit lan alus, kebak rasa asih lan tresna marang sesama, jrih ing tumindak dudu lan tansah kayungyun ing laku utama.

“Kakang Pukulun” dumadakan Sang Rahwana mecah sepining pasamuan “ya gene kakang Pukulun banjur kendel kanthi kekembeng waspa? Apa Kakang isih ana rasa cuwa lan duka marang aku? Kakang, bot-boting ati gandrung kepengin nebus kaluputan, aku wus prasetya jroning ati, lamun nggonku antuk pangaksamane Kakang Bathara kudu tinebus klawan nyawaku, aku iklas lan lila, yen ta sarate aku kudu ninggal kamukten praja Ngalengka urip mor lan para sudra sempali lan kudu mati kanthi cara kang ngenes, aku ora kabotan, watone aku antuk palimirmane Kakang Danaraja sedulurku tuwa kang wus tau tak gawe sengsara lan cilaka. Mula Kakang aywa rangu lan aja tidha-tidha paring dhawuh marang adhimu aku, apa kang kudu tak lakoni murih pun kakang lepas saka rasa lara lan kuciwa”.

Tansaya banter nggone karuna Sang Hyang Danaraja midhanget ature ingkang rayi. Tangis kabungahan lan katrenyuhan kang wor suh dadi siji, saya manteb rasaning ati lamun nyata yen dasamuka wus antuk nugrahaning Dewa kang rupa panuntuning rasa kang bakal anjog marang kautamaning gesang.

“Kadanging pun Kakang, Dasamuka, sumurupa ya dhi, yegtine kanthi lekase si adhi kang nggetuni tumindak dudu kang kawuri lan kepengin miwiti urip kanthi ngambah dalaning kautaman iku, wus lebur sakehing rasa sengit lan nalangsane pun Kakang. Mula ya dhi aja kaduk ati nggonmu nggadhuh rasa kang luput. Prayoga si adhi enggal bali marang praja nindakake darmaning narendra kang asung leladi murih raharjaning para kawula. Mung pangestu lan pandongane pun kakang wae kang tansah njungkung lakune si adhi sajroning ngayahi pakaryan minangka pangayomaning kawula dasih ing Nagara Ngalengkadiraja”.

“Ha..ha..ha........” gumuyu lega Prabu Dasamuka krungu dhawuh sabdane Bathara Danaraja “byar padhang rasaning atiku kakang, yayah wong mlaku ing wayah panglong kedadak kepapag obor sewu, ayem lan adheming rasaku kaya tanem tuwuh kang nandhang kasatan ing wanci ketiga dawa, kedadak ketiban udan deres ing wanci labuh. Oooo, kakang Pukulun jimat pepundhenku, ngaturake panuwun kang tanpa upama awit saka palimirmane kakang Bathara marang aku adhimu sing wuta ing rasa tuna ing budi iki. Kakang, muga-muga kanthi pangestune kakang Pukulun aku bisa nindakakake kuwajibanku minangka pamong lan pangayomaning titah kang ngaup ing sangisore langit Ngalengka. Nanging, kakang gandheng sepisan rasa kangen lan kapangku marang kakang Bathara durung ilang, ngiras pantes kanggo nambahi kawruh kaprajan muga kakang Pukulun marengake aku kanggo sawantara dina cumondhok ing Kahyangan kene ya kakang ? Kakang Pukulun marengake ta ?”.

“Yen iku sing dadi kersane yayi Prabu, pun kakang babar pisan ora kabotan, samengko yayi Prabu manjinga ing papan palereman kang mapan ing pungkuran, dene pun kakang arep mbacutake nindakake prakaryan kang pinercayaake dening Hyang Girinata marang pun kakang”.

Sang Dasamuka gya nyembah banjur manjing pungkuran. Yen pamite marang ingkang raka mau Dasamuka arsa lerem, nanging nyatane ora ngono.lakune malah bablas manjing patamanan, ngulat-ulati ing ngendi dununge kembang Dewa Retna, yaiku kembang suci kang kinarya madhahi nyawane sakehing Wanara Pancawati kang samengko padha ngawula marang Prabu Ramawijaya. Miturut petungane Rahwana, kekuwatane Prabu Rama dumunung ing para Rewanda Pancawati, lamun sakehing kethek Pancawati bisa ditumpes mangka mesthi Prabu Rama bakal lumpuh lan ora bakal kuwawa ngrabasa Ngalengka kanggo ngrebut bali Dewi Sinta. Pancen Prabu Dasamuka wus uninga yen Prabu Danapati kang ing nguni diperjaya ora prapteng lampus malah kepara antuk nugrahaning Jawata dadi Dewa kang salah sijining kuwajibane ngreksa kayuwanane Kembang Dewa Retna, yaiku Kembang kang dadi panguripane Wanara Pancawati. Mula kanthi cara api-api ndandani kelakuwan banjur methuki Sang Danapati ing pamrih bisaa gampang nyidra Kembang Dewa Retna.

Prasasat wus kemput nggone ngubres isining taman, suprandene Kembang Dewa Retna babar pisan ora ditemokne. Malah sakehing juru taman kang kajibah ngreksa kayuwananing taman pisan padha wangsulan ora ngerti nalikane ditakoni ing ngendi papane Kembang Dewa Retna. Meh wae Prabu Dasamuka mupus lan arep murungake karepe nggone arep nyidra Kembang Dewa Retna, nanging dudu watake Dasamuka mupus lan murungake karsane kang nedya tumindak nalisir saka bebener. Mula sapisan maneh Prabu Dasamuka muter angen-angen, kepriye bisa antuk marga nemokake lan nyidra Kembang Dewa Retna. Wusnya meneng sauntara, Prabu Dasamuka kang dhasare lantip pikire wus antuk marga. Mula kanthi mesem kebak pangarep-arep Sang Nata nulya lukar busana kanarendrane, salin ngrasuk busana kadi dene jurutaman lan tumandang makarya tan prabeda kalawan kang dilakoni para juru taman.

“Lho sinuwun Prabu apa kang andika tindakake?” pitakone salah sijining Dewa kang apangkat Juru Taman “ing ngatase andika iku Narendra Gung Binathara, ya gene ing kene Paduka kersa nindakne pakaryane Abdi Juru Taman?”.

Kang krungu wangsulane Prabu Dasamuka kang mangkono mau padha manthuk-manthuk, wuwuh rasa asih lan kurmate marang Prabu Rahwana kang temen-temen Narendra gung Binathara kang gandrung marang pepoyaning kautaman. Nanging Prabu Dasamuka ora pati butuh rasa kurmate jawata Juru Taman. Nanging mung kanggo bisa ngawruhi ing ngendi dununge kembang Dewa Retna kang bakal dicidra.Wasana Sang Dasamuka klakon weruh kang lagi diupadi, mapan ing pojokaning taman, pinageran rajek wesi ana sawijining tetuwuhan kang mramong mawa cahya. Ora tidha-tidha maneh Sang Dasamuka wus wani mestheakake lamun iku kang sinebut Kembang Dewa Retna papan kanggo nyimpen nyawane sakehing wanara Pancawati. Mula Sang Nata gya ngulir pikir piye carane bisa kembang kang banget dialap sirnane iku. Kesuwen nggone mikir ora nemu dalan sing kepenak, wasana Dasamuka gya migunaake otote, rajek wesi kang ngubengi tanduran dijabut kanthi peksa, nuwuhake suwara kang pating grompyang ora karuwan. Kang mangkono iku ndadekne kageting para Juru taman, sigra dipprepegi.

“Heh Sang Prabu,ya gene Paduka ngrusak pagering Dewa Retna?” pitakone salah sijining Juru Taman alok-alok ndulu lekase Dasamuka kang mangkono iku.

“Heh Juru Taman” wangsulane Dasamuka katon asline “yen kowe kabeh isih kepengin slamet, aja kakehan omong, kemabng Dewa Retna iki kembangku arep tak gawa bali menyang Ngalengka”.

“Sang Prabu aja kaya mangkono. Wurungna kersa andika kang babar pisan ora bener iku. Tak aturi emut lekas andika kang mangkono iku bisa mbilaheni, awit bisa ketiban walate Hyang Suksma Kawekas”.

“Juru Taman Goblog. Kakehan wuwus. Aja padha nyedhak ben yen ana walate aku dhewe sing nanggung”.

Sulayaning rembug tan bisa diselaki, wasana dadi pancakara. Dasamuka dikrubut para Juru Taman, babar pisan ora kuwalahan malah para Juru Taman padha babak bundhas diajar Ratu Ngalengka kang dhasare sekti mandraguna iku. Sawise para Juru Taman Kadewatan iku padha rubuh, Dasamuka nulya mbedhol witing Kembang Dewa Retna digawa mlayu ninggalake Kahyangan arep bali menyang Negara Ngalengkadiraja. Jroning Cipta, mengko kembang Dewa Retna kang dadi papan panyimpenan nyawane sakehing wanara Pancawati iku bakal diobong neng tengahing Alun-alun, dimen pepes kekuwatane Prabu Rama. (insya'allah bersambung)

1 komentar:

  1. Rahwana itu Bala Pandhowo opo Kurowo to? nek sama sengkuni apanya?

    BalasHapus