Kamis, 16 Desember 2010

prahastha gugur

PRAHASTHA GUGUR

(Kaaturaken dening : Ibnu Marwah)

(II)

Kocapa, Bathara Danaraja kang lagi wae arep niliki reksane, dadi kaget sakala pirsa para Juru Taman Kadhewatan padha rebah kasulayah. Luwih kejot maneh bareng uninga lamun Kembang Dewa Retna musna kacidra Dasamuka, adhine dhewe kang dikira wis mertobat mau. Duka yayah sinipi Bathara Danapati, gya cancut taliwanda napak gegana arsa mbujung playune duratmaka. Nanging durung adoh nggone mbujung kedadak Danaraja mandheg, awit krungu swara mbrengengeng kang ngetutake tindake. Sawuse kawaspadakake jebul suwara mbrengengeng mau suwarane Kumbang kang lagi nangis ngaru ara.Datan kasamaran maneh Hyang Danapati lamun iku Kumbange Kembang Dewa Retna kang uga rumangsa kelangan papan panungsunging madu. Mula Hyang Kuwera gya manbda marang ponang Kumbang :

“Heh, Kumbang aywa kita walang ati ayo dherekna tindakku tak bujunge playune Maling Aguna kang wus kumawani nyidra Kusuma Dewa Retna”.

Mula Kumbang banjur nurut ndherekne tindake Bathara Danaraja. Enggaling wong crita wus ketututan lakune Dasamuka gya kaendheg kanthi basa kang alus manuhara dening Hyang Danaraja.

“Yayi kadange pun kakang, Dasamuka, coba lerena sawantara pun kakang arsa paring pangandika marang jeneng kita yayi”.

“We lha dala.... kakang Pukulun, aja dadi atimu dene aku lunga tanpa pamit marang Si Kakang”. Wangsulane Dasamuka kaya ora ana apa-apa.

“Iya yayi perkara iku ora dadi apa. Nanging yayi, sajake si adhi nggawa tanduran kang pun kakang reksa ing taman kadhewatan. Yayi, yen si adhi kepengin mbibit tanduran kadhewatan pun kakang ora kabotan, nanging aja kembang kui ya dhi”.

“Ora tak selaki Kakang, pancen aku njabut Kembang Dewa Retna iki arep tak gawa bali. Lan iki ora arep tak tandur utawa tak tangkarake ing marcapada, nanging iki bakal tak obong neng Alun-alun praja Ngalengka kanggo srana kamuktenku lan kuncaraning negara Ngalengka kakang”.

“Aja ya dhi, lekas kita kang kaya mangkono iku tuhu tan prayoga. Lekas kang kaya mangkono iku mau yegti padha karo ngrusak kodrat kang wus tinata dening Jawata. Mula yayi, enggal ulungna Kembang Dewa Retna iku marang pun Kakang bakal pun Kakang balekne ing papane sakawit”.

“Kakang Danaraja” santak wuwuse Dasamuka “Kakang iki wis dadi Dewa barang kok ora tansaya pinter nanging panggah bodho ta Kakang? Sumurupa, Kembang Dewa Retna iki mungguhe Kakang Danapati ora ana gunane babar pisan, kajaba mung ngebot-ngeboti sanggan. Lha samengko Kembang Dewa Retna tak gawa arep tak musnakake dimen kakang Pukulun lepas saka kuwajiban. Tur nehna yen Kembang Dewa Retna klakon musna, bakal langgeng nggonku ngayomi kawula ing Ngalengka. Jagat bakal weruh yen Trahe Rama Begawan Wisrawa luwih mulya lan luwih kinurmat yen ditandhingake karo trahe Dasarata utawa ratu-ratu liyane. Wis saiki kakang enggal bali marang kadhewatan, aku ya arep nerusake laku bali menyang Ngalengkadiraja”.

“Dasamuka, ora perlu kakehan rembug” Danapati wiwit muring krungu rembuge Dasamuka sing tansaya nggladrah ora genah “saiki Kembang Dewa Retna pasrahna pun kakang, aja ngenteni pun kakang nesu”.

“Elho ? Kowe arep apa Danapati ? nek nesu nesuwa! Ayo ngajak apa tak ladeni, wong tuwa ora pantes disembah, sida dadi pangewan-ewane Dasamuka kowe!”

Perang tandhing ora bisa diendhani. Dasar padha sektine, padha digdayane. Sang Danaraja Dewa kang tan kasinungan ing pati, Dasamuka narendra kang nggadhuh aji Pancaswana, saben-saben mati bisa tangi maneh. Dadi suwe lan rame nggone padha bandayuda. Nanging pranyata Dasamuka nyata sekti mandraguna, eling-eling tau tate mbedhah Kaendran, mula saya suwe saya kendho krodhane Bathara Danaraja, ing wasana kena kalena ginigit janggane rubuh kantaka padha sakala Bathara Danapati. Datan sranta Dasamuka gya mlayu ninggalne mungsuhe daya-daya bali menyang negarane.

Prasasat lumpuh tanpa daya Bathara Danaraja, playune Dasamuka mung bisa disawang kanthi rasa pangigit-igit, awit rumangsa ora keconggah nyegah tindak dur angkara. Nalika samana Bathara Danarja mung tinunggon dening Kumbanging Kembang Dewa Retna kang mung bisa nangis karuna kelara-lara. Ananging adiling jagat lan adiling kahanan, panalangsane Bathara Danaraja apa dene Kumbanging Dewa Retna wus kuwawa ngrawuhake Jawata ing Suduk Pangudal-udal, Sang Hyang Naradha ya Sang Resi Kanekaputra kang gya mrepegi papane kang lagi padha nandhang dhuhkita.

“Prakencong-prakencong, pak-pak pong, waru dhoyong, kali jogle sapa sing gawe.....” aloke Bathara Narada “Ulun waspadakne iki kaya Danaraja lan Kumbange Dewa Retna? Ya gene kita wong loro sajak padha nawung sungkawa ?”.

“Nyadhong duka saha ngaturaken katiwasan Pukulun” ature Danaraja “kembang Dewa Retna ingkang dados reksan kula dinten samangke kacidra dening titah ingkang murang tata, kula minangka pangreksa boten kuwawa nyugengaken Kembang Dewa Retna malah kepara kaprawasa dening mengsah temah lumpuh tanpa daya kados ngaten punika”.

“Mengko dhisik Danaraja” Wuwus wangsulane Bathara Narada “kita ngaturake yen kembang Dewa Retna kacidra dening titah, banjur sapa titah iki dene duwe kekuwatan kang bisa ngasorake jeneng kita Danapati?”.

“Nuwun inggih pukulun, titah kalawau boten sanes namung kadang kula piyambak nuwun inggih pun Yayi Dasamuka” Bathara danaraja banjur nyritakne lelakon kang wus kelakon wiwitan nganti pungkasan “samangke borong anggen badhe paduka amurba awit wontening lelampahan ingkang kados punika, katuwak sumangga jaja, katigas sumangga jangga, kasendhal mayang kacemplungna kawah candradimuka kula boten badhe suwala”.

“Eh...eh....eh.....” wangsulane Bathara Narada sabar lan keprungu wicaksana “ora maido yen jeneng kita ora kuwawa ngalahne kadangira si Dasamuka, wong pancen sekti mandra guna, ajaa sekti mongsok yen biyen tau mbedhah kaendran barang. Sing baku saiki ayo padha mbudidaya murih Kembang Dewa Retna aywa kongsi diobong dening Dasamuka, awit lamun klakon Kembang Dewa Retna diobong ateges cures sakehing rewanda kang padha suwita marang Sri Ramawijaya”.

“Inggih Pukulun, punapa ingkang kedah kula lampahi sumangga kaparenga paring dhawuh”.

Bathara Narada gya manbda marang Kumbange Kembang Dewa Retna :

“Titah ulun Kumbange Dewa Retna, amung sira kang bisa nglari papan panggonane Kembang Dewa Retna, mula supaya luwih prayogane laku kita kudu nyuwita marang Prabu Rama, lan wiwit dina iki kita Ulun sabda wujuda dadi rewanda”.

Sinauran geter pater sabdane Hyang Kanekaputra, ambarengi ilang wujude Kumbang, kang ana malih dadi wujud rewanda kang nulya atur sembah marang Jawata sakloron.

“Matur sewu gunging panuwun Pukulun” ature rewanda kang dumadi saka kumbang mau karo nyembah “samangke wewujudan kula sampun dadaos wanara, lajeng kula kawastanan sinten? Sarta punapa ingkang kedah kula lampahi murih saged nyugengaken Kembang Dewa Retna?”.

“Iya-iya, sira Kumbang, gandheng wujud kita samengko wus wujud Rewanda, jeneng kita Ulun paringi tetenger Kapi Pramujabau. Samengko sira Ulun dhawuhi sowan marang Prabu Rama ing Gunung Maliawan, suwitaa marang panjenengane sarta aturna lelakon kang wus dumadi iki”.

“Kawula nuwun, nuwun ingggih pukulun keparenga kula bidhal dhateng Maliawan, wekdal punika ugi, pangestu paduka ingkang kula suwun”.

Sigra budhal Kapi Pramujabau laju tumuju Gunung Maliawan, Dene Bathara Narada lan Bathara Danapati sigra makahyangan. Sigeg.

***

Gantya kang cinarita, ing madyaning Alas Dhandhaka, ana satriya bagus warnane kang lagya nandhang sungkawa, yaiku Raden Leksmana Widagda. Nalika samana Raden Leksmana kadherekne repat Panakawan Catur, Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Ananging jroning kumpul-kumpul iku babar pisan Raden Leksmana ora ngendika apa-apa, anane mung meneng, ndhingkluk lan kala-kala unjal ambegan dawa, mracihnani lamun atine lagi susah kaworan bingunging pikir. Lekas kang kaya mangkono iku, tuhu agawe susah lan bingunge para panakawan kang ndherekake, mula para panakawan gya atur lelipur lan mbudidaya murih bendarane kersaa mblakakake jatining kasungkawan.

Wuse sawantara dilipur dening para Panakawan, Raden Leksmana gya paring dhawuh:

“Kakang Semar lan Panakawan kabeh, Ingsun mundhut pangapuramu kabeh, dene ingsun wus ngeneng sira kabeh, iya iki awit saka gedhening sungkawa kang ingsun sandhang. Mula sapisan maneh ingsun mundhut pangapuramu”.

“Aih....aih...begegeg, ugeg-ugeg, emel-emel sadulita” wangsulane Semar karo nyedhakne lungguhe “boten punapa Den, amung kemawon mbok ndika niku kersaa mblakakake menggah kang disusahake. Awit nek sampean mung kendel ngaten niku, marahi mbingungne atine sing ora ngerti kaya kula lan bocah-bocah niku. Aih....aih... abot-abote dadi batur, rasane mung sarwa luput, gek sing diluputne niku sing pundi kula lan bocah-bocah niku babar pisan ora ngerti”.

“Kakang Badranaya lan Panakawan kabeh, sira ora ana luput. Nanging apa bener sira kabeh ora ngerteni kang ingsun prihatinake?”.

“mBok Sumpah ta Den nek kula ngerti, sing ndika susahne niku napa?”.

“Kakekne Semar ki ya nggladrah” Bagong sing mapane rada adoh melu saulu, nyendhu rembuge Semar “wong arep omong nek ora ngerti ngono wae kok ndadak nganggo sumpah barang. Kaya omongane blantik wedhus wae”.

“Lha kowe kuwi pa lali ta Gong?” Petruk melu-melu guneman “genah sajege melu rombongan sing ingon-ingone akeh ketheke iki Kakekne Semar arep ajar-ajar mblantik ngono lho”.

“Bocah edan ora genah, bendarane susah malah padha clometan nggarap wong gerang pisan” wangsulane Semar nuli ature marang Leksmana “pripun Den napa sing mpun marakne sampean susah niki?”.

Dyan Leksmana unjal ambegan landhung, nuli wuwuse : “Iya kakang, kapetung wis meh madya candra iki, Kakang narpati Sugriwa lan para pandhereke ya sanggyaning Wanara, kabeh padha nandhang roga. Lire kabeh padha lara lan prasasat lumpuh tanpa daya, maneka warna cara katempuh murih kang padha lara enggal bisa waras, suprandene nganti titi kalungguhan iki babar pisan durung ana asile. Mula kakang Sinuwun Bathara Rama gya maneges marang ngarsaning Hyang Suksma kawekas. Pituduh kang ditampa ngandhakne yen larane para Rewanda iki awit saka trekahe Prabu Rahwana kang laku cidra, dhustha Kembang Dewa Retna. Kamangka Kembang Dewa Retna ngono mapan dadi pangapesane sakehing Rewanda Gunung Maliawan kene, dadi yen kongsi kembang Dewa Retna kasirnakne ateges bakal tumpes tapis sakehing wanara kang padha nyuwita marang kakang Prabu Rama”.

“Lha yen mpun ngoten, niku sing marahi susah empun genah” wangsulane Semar “sakniki, kari mikir carane nylametne Kembang Dewa Retna sing dicolong Dasamuka niku”.

“Mula saka iku kakang, nganti titi wanci iki Ingsun durung nemokake cara iku, malah bareng ngerti ana lelakon kang kaya ngene iki Raden Gunawan sing adhakane bisa asung pamrayoga, uga ora bisa apa-apa. Mula tekadingsun, ingsun arsa mlebu kadhaton Ngalengka bakal tak jupuk bali Kembang Dewa Retna, sanadyan lekas kang kaya mangkono iku bisa dingibaratake kutuk marani sunduk utawa ula marani gepuk, nanging ya mung iki siji-sijining cara kanggo mbudidaya murih lestarine bebrayan wanara Gunung Maliawan kene”.

“Waaa.......” Petruk melu-melu ngomong “napa sajake mboten enten cara sanes ta Gus? Miturut nalar kula, cara sing ndika dhawuhne niku kok nglengkara mungguh kasile, kurang-kurang bejane awake dhewe mati kaniaya, mbok ampun ndika Gus sing budhal. Merga nek sing budhal ndika dhewe, niku nek nganti mboten kasil sida entek-entekan, kethek-ketheke mboten saged dislametne, malah sampean nggih dadi korban.....”.

“Banjur sapa sing kudu budhal Petruk? Arep utusan salah siji saka prajurite Narpati Sugriwa, aran mokal, sebab ora ana siji-sijia wanara sing waras awake....”.

“empun-empun” Kyai Semar nuli aweh pamrayoga “nek kudu ndika dhewe sing mangkat, mangga kula dherekne, nanging sadurunge mangkat mangga kula dherekne kendel sakedhap, nyenyuwun palimirmane Gusti, mbok manawa kanthi cara makaten jawata badhe paring pitedah temah saged lebda ing karya”.

“Lha, nek ngene iki Kakekne ketok nek Semar tenan” grenenge Gareng nyambung tembunge bapakne “nggih Gus mangga sareng-sareng nyenyuwun pitulungane Hyang Suksma”.

“Nggih Gus Mangga, sareng-sareng ndonga rumiyin” bagong uga atur pamrayoga.

“Ya, ya kakang Ayo bareng-bareng nyenyuwun marang Jawata Linuwih”.

Kendel sawantara Dyan Laksmana lan para Panakawan, kabeh padha nyawijekne pancandriya maneges lan meminta nugrahaning Jawata. Ambarengi manthering panyuwunan, kedadak padha kajugarake nggone padha mangsah samadi, awit praptane Rewanda kapi Pemujabau kang prapta atur sembah marang Raden Leksamana.

“Kawula Nuwun Gusti, punten dalem sewu pun abdi ingkang marak datan katimbalan, punapa paduka Gusti kula Prabu Ramawijaya?” ature kapi Pemujabau wot sari.

“Gawe kejote tyang ingsun” wangsulane raden Laksamana karo nyawang tajem marang kang nembe prapta “iki ana wanara kang banget trapsila teka durung wanuh sapa jeneng ingsun. Mangko ta kisanak sira iku sapa? Lan ana parigawe apa teka ngupadi Prabu Ramawijaya”.

“Kawula Nuwun, nuwun inggih lepat nyuwun gunging pangaksami, kula pun Kapi Pemujabau ingkang dumados saking Kumbangipun Sekar Dewa Retna” Kapi Pemujabau nuli nyritakne lelakone nganti wekasan teka ing papan iku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar